Senin, 29 Juli 2013

ingsun

nunggang roso ngener ing panggayuh
lunging gadung mrambat krambil gading
gegondel witing roso pangroso
nyancang jadi wasanane
mbrebes mili banyu saking langit
tibeng kedung lumembak ing pangkon
anut nyemplung lelakon ngaurip
cumemplung roso atiku
candrane wong nglangi ing telogo nirmolo
candrane kumambang ing sendang sumolo
solan salin slagane menungso
empan papan sasolah bawane
esuk sore rino sawengine
ajur ajer njing kahanan
candrane wong nglangi ing telogo nirmolo
candrane kumambang ing sendang sumolo
tan liyan kegondelan
tarlen mung wit krambil gading

Tidak ada komentar:

Posting Komentar